Created (c) by Princexells Seyka (Princelling Saki)
Home » » Pintere Wong Jawa ana ing tembung Kerata Basa

Pintere Wong Jawa ana ing tembung Kerata Basa

Aku pengen ngelingke kanca-kanca kabeh bab iki. Miturut ilmu bahasa, ana tembung kang dadi tembung amarga bunyi utawa suarane kang krungu, lan artine. contone tekek, jenenge tekek mergo suarane tekek..tekekk.. Tas kresek, mergo suarane kresek-kresek, lan sak panunggalane. Wong jawa malah luwih cerdas maneh ngartike tembung iku kanthi ngawur, sak-sake, nanging pas banget karo artine tembung kuwi. contone wong jawa ora ngomong “nasi”, nanging sega, amarga sega kuwi mbeseSEG dan marakke leGA. 








Conto liyane:

gedhang : digeget sakbubare madhang,
kerikil : keri nang sikil
malah ana ing teknologi, wong jawa uga nggawe kerata basane, contone :
Sepeda : asepe tidak ada
Sepur :asepe metu ndhuwur
Ana maneh conto kang ana hubungane karo masalah agama:
ndilalah : Adiling gusti Allah
Ndelalah: ngandel marang Allah (percaya marang Tuhan)
Ana uga plesetan-plesetan kang ana di-kerata basa-ke:
Garwo : sigaraning nyawa (asline), njur diplesetke dadi “ketemune barang sigar karo barang dowo
kerikil : keri nang sikil, njur ana sing takon, “lha yen keripik”??… keri-keri ning…..(ning apik..)
conto liyane yaiku :
Bapak = bab apa-apa pepak (pepak kawruh lan pengalaman)
Batur = embat-embataning tutur
Bocah = mangane kaya kebo, pagaweane ora kecacah
Brekat = mak breg diangkat
Cangkir = dianggo nyancang pikir
Cengkir = kencenging pikir
Copet = ngaco karo mepet-mepet
Denawa = ngeden hawa (nguja hawa napsu)
Desember= gedhe-gedhene sumber
Garwa = sigaraning nyawa
Gedhang = digeget leh bar madhang
Gethuk = yen digeget karo manthuk-manthuk
Gerang = segere wis arang
Guru = digugu lan ditiru
Gusti = bagusing ati
Kaji = tekade siji (ngantebi panembahe marang Gusti Allah)
Kathok = diangkat sithok-sithok
Kodhok = teka-teka ndhodhok
Kutang = sikute diutang
Krikil = keri ing sikil
Kuping = kaku njepiping
Kupluk = kaku tur nyempluk
Kursi = yen diungkurake banjur isi
Ludruk = gulune gela-gelo, sikile gedrag-gedrug
Maling = njupuk amale wong sing ora eling
Mantu = dieman-eman meksa metu
Perawan = yen pepara (lelungan) kudu wayah awan
Saru = kasar tur kleru
Sekuter = sambi sedheku mlaku banter
Sepuh = sabdane ampuh
Simah = isining omah
Sirah = isining rah
Siti = isi bulu bekti
Sopir = yen ngaso mampir (ing warung)
Sruwal = saru yen nganti uwal
Tandur = nata karo mundur
Tapa = tatane kaya wong papa
Tarub = ditata supaya katon murub (asri)
Tayub = ditata supaya katon guyub
Tebu = antebing kalbu
Tepas = titip napas
Tuwa = ngenteni metune nyawa ; untune wia rowa
Wanita = wani ing tata
Wedang = dianggo gawe kadang
Weteng = ruwet tur peteng
Nha, kowe kabeh uga bisa nggawe seko ukara lan tembung-tembungmu dhewe..
Ayo nggawe sakkarepmu dhewe.. guyon maton lan guyon waton.. bebas nang kene… sumangga..
Share this article :

0 komentar:

Posting Komentar

Hari :
 
Support : Jhon Sutaker | Dewi Purwanti | Sendang Made
Copyright © 2010-2015. SENDANG MADE - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger
Please Wait ..
To Open!
The Page Is Being Loaded
link